Khutbah Jum’at Basa Jawi

Authors

M. Fajrul Munawir
UIN Sayyid Ali Rahmatullah Tulungagung

Synopsis

Buku punika nyawisaken manéka warna materi khutbah kanthi tema ingkang raket kaliyan pagesangan umat Islam. Wonten piwucal babagan iman, ilmu, taqwa, tobat, tawakkal, akhlak, sedekah, masjid, lingkungan, tanggel jawab sosial, saha piwucal babagan wulan-wulan mulya wonten ing agami Islam, kados Rejeb, Sya’ban, Ramadan, Syawal, Dzulhijjah, lan Maulid Nabi Muhammad saw.

Nganggé Basa Jawi minangka basa pangantar, buku punika dipun susun kanthi basa ingkang caket kaliyan pangrungu saha pagesangan masyarakat Jawi. Mboten namung dados bahan waosan, buku punika ugi saged dados referensi tumrap para khatib kanggé nyusun lan ngaturaken khutbah Jum’at ingkang langkung kontekstual, migunani, saha jumbuh kaliyan kabutuhan jamaah.

Lumantar buku punika, panyerat ngajak para pamaos supados tansah ngiyataken iman, ngupadi ilmu, nglestantunaken akhlak mulya, saha nglampahi gesang kanthi tuntunan Al-Qur’an lan Sunnah Kanjeng Nabi Muhammad saw. Buku punika ugi dados salah satunggaling ikhtiar nglestantunaken Basa Jawi minangka perangan wigati saking kabudayan saha sarana dakwah Islam wonten ing tanah Jawi.

References

Published

June 23, 2026